Demografi Namibia

Barkas:Nama Woman Smoking Kawlahari Desert Namibia Luca Galuzzi 2004.JPG
Wanita Suku Nama.

Dhémografi Namibia ya iku kaanan masarakat nagara Namibia ing bawana Afrika pérangan kidul.[1]

Watara 75% rakyat Namibia manggon ana ing padésan lan 25% manggon ing laladan urban utawa ing kutha.[1] Etnis kulit ireng ana 90% populasi lan wong kulit putih sakiwa-tengené 7%.[1] Golongan masarakat kulit ireng Namibia kapérang dadi pirang-pirang golongan ètnis. Populasi kang gedhé dhéwé ya iku suku Ovambo.[1] Suku Ovambo duwèni persèntase ngancik saparo populasi Namibia.[1] Wong-wong mau manggon ing pérangan lor, cedhak tapel wates karo Angola kang diarani Ovamboland utawa Ovambo.[2] Suku-suku kang manggon ing laladan lor liyané ya iku Kavango, kang manggon ana ing panggonan saubengé Kali Okavango.[2] Suku Caprivi manggon ing sisih wétan.[2] Déné suku Damara lan Herero manggon ing tlatah sisih tengah Namibia.[2] Suku Bushmen (San) lan Tswana manggon ing laladan tapel wates sisih wétan.[2] Rong golongan masarakat kang campuran diarani Suku Baster lan Suku Nama manggon ing sisih kidul.[2] Wong kulit putih Namibia ya iku wong saka Afrika Kidul ya iku ètnis keturunan Walanda, Inggris lan Jerman.[2]

  1. a b c d e The World Book Encyclopedia. World Book, Inc. 2006. kc. 7. ISBN 0-7166-0106-0.
  2. a b c d e f g The World Book Encyclopedia - N, Volume 14. World Book, Inc., USA. 1986. kc. 8a. ISBN 0-7166-0086-2.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search